Asalamualaikum Wr. Wb.,
Pada kesempatan kali ini saya akan membahas tentang,
Tata Krama, Unggah Ungguh Basa Jawa
A. Gunane Basa
- Basa Ibu yaiku basa jawa sing diajarne mulai lahir, basae leluhur sing wes turun temurun, biasae basa lesan.
- Basa Ilmu yaiku basa jawa sing turun -temurun digawe ngajarne ilmu, ngajarne kebecikan lewat cerito rakyat, parikan lan saliyane.
- Basa Budaya yaiku basa jawa mujudake salah sijine budaya ing Indonesia kang diakuoni.
B. Unggah-ungguh Basa
Tata krama ing budaya jawa iku ora gur lewat tindak tanduk, nanging uga lewat basa. Ono bedone ngomong menyang wong sing luwih enom, wong sing sakpantaran, lan wong sing luwih tuwo.
- Basa Ngoko yaiku basa kasar sing digawe jagonan menyang konco utawa wong sak umuran utawa sakngisore.
- Basa Krama yaiku basa alus sing digawe ngomong menyang wong tuwo utawa wong sing diajeni.
Basa ngoko lan basa krama dibagi maneh dadi basa ngoko lugu, basa ngoko alus, krama lugu lan krama alus, nanging bedoe ora begitu teges gumantung saka daerah lan lingkungan basa jawa kui digawe. Misale basa krama lugu lan krama alus e Daerah Istimewa Yogyakarta bedo karo basa krama lugu lan aluse Surabaya.
C. Contoh Unggah-ungguh Basa
Tuladha unggah-ungguh basa kayata,
Anak : Bapak sampun siram? (Krama)
Bapak : Wes mau isuk (Ngoko)
Bapak : Teko ndi wae kait tekan umah? (Ngoko)
Anak : Kulo dugi griyane rencang Pak (Krama)
Demikian pembahasan yang bisa saya sampaikan, jika ada kurang atau lebihnya bisa berdiskusi di kolom komentar, terima kasih.
Wasalamualaikum Wr. Wb.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar