Pada kesempatan kali ini saya akan membahas tentang,
Geguritan, Struktur Lair
A. Pangerten Geguritan
Geguritan yaiku tembung lan ukara kang endah, ringkes, padhet lan mentes sing kalebu sastra gagrak anyar. diarani uga puisi jawa modern.
Ing sejarahe kesusastraan Jawa, wujud geguritan iku uga kalebu tembang. Ana tembang macapat, tembang dolanan, lan tembang campursari.
B. Struktur Lair Geguritan
Struktur lair geguritan yaiku wujude sing ketok iso dideleng lan ditunjukne ing geguritan.
- Blegere Geguritan yaiku tipografi geguritan, ana kang ditulis mepet sisih kiwo, ana kang ditulis mepet sisih tengen, ana sing gawe huruf cilik utawa gede sing tujuane supaya endah lan nduweni makna.
- Panyitra yaiku tembung sing nduweni daya panyitra utawa imaji kanggo nglairno gagasan. misale endahe esemmu (panyitra pandeleng), arume kembang aren (panyitra pangganda), kumrosoke banyu (panyitra pangrungu), legine gula jawa (panyitra pangrasa), ngobah-obah pari (panyitra panindak)
- Lelewa Basa yaiku kaendahan tembung lan ukara. Sing kalebu lelewa basa misale tembung kawi, pepindhan, tembung entar, tembung saroja, yogyaswara, lan sakpanunggalane.
- Tembung Sumambung yaiku tembung kang sengaja diseleh ing akhir gatra utawa mandeg ing sawijining gatra kanggo nguwatake gatra sakwise utawa sakdurunge.
- Purwakanthi yaiku unen-unen sing runtut nggandeng swara nang ngarepe. purwakanthi ana 3 maceme; purwakanthi guru swara, purwakhanti guru sastra, lan purwakhanti guru basa.
- Purwakhanti guru swara iku unen-unen sing gawe aksara swara (vokal: a,i,u,e,o) misale, turu-lesu-linu
- Purwakhanti guru sastra iku unen-unen sing gawe aksara sastra (konsonan: sakliyane vokal) misale, tindak-tanduk-bujuk
- Purwakanthi guru basa/ lumaksita iku unen-unen kan ngruntute wanda (suku kata) utawa tembung. misale, tresna-nasi-sikil-kilingan.
Demikian yang bisa saya bahas, jika ada lebih kurangnya bisa berdiskusi di kolom komentar. Terima kasih.
Wasalamualaikum, Wr. Wb.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar