Ukara miturut jenis wasesane:
Ukara Tanggap (kalimat pasif)
Ukara kang oleh ater-ater tripurusa (dak, ko, di)
Tuladha:
Roti dipangan adik
Latar daksaponi
Bukuku kogawa
Ukara Tanduk (kalimat aktif)
Ukara kang oleh ater-ater anuswara (m, n, ng, ny)
Tuladha:
Adik mangan roti
Aku nyaponi latar
Koe nggowo bukuku
Ukara miturut isine
Ukara Andharan (kalimat berita)
Ukara kang ngandharake sawijining kedadean.
Tuladha:
Mau bengi ono kebakaran ning Patemon.
Ukara Pitakon (kalimat tanya)
Ukara kang mbutuhake wangsulan.
Tuladha:
Koe anake sopo?
Ukara Pakon (kalimat perintah)
Ukara kang ngandharake kongkonan.
Tuladha:
Kerjakno tugasmu!
Ukara Panguwuh (kalimat kagum)
Ukara kang nggambarake rasa gumun.
Tuladha:
Walah, telat maneh!
Ukara Sambawa (kalimat pengandaian)
Ukara kang ngandharake pangarep, biasane gawe tembung senajan utawa saupama.
Tuladha:
Saupama sugih aku gawe masjid.
Ukara Pemenging (kalimat larangan)
Ukara kang maringi pengingan.
Tuladha:
Ojo dolanan ati, merga nggarai musuhan.